NGIDOL
Nang kota cilik, urip
4 bocah SMK sing uwis kancanan akrab. Pano, Satip, Uzul, lan Tuji.
Isuk-isuk nang
sekolahan.
Uzul : (mlaku mlebu
kelas nyepaki Satip karo Tuji) he , pada gasik temen le mangkat?
Tuji : Iya
kiye. Dengka ko mangkat dewekan? Pano mendi?
Uzul: Paling telat
kae. Nek urung di sampluk karo duit ye ora bakal tangi. Dengka ko meneng bae
tip?
mbok nek ana wong ngomong melu ngomong ngapa?
mbok nek ana wong ngomong melu ngomong ngapa?
Satip: iye, nek
ngomong kabeh mengko ora rampung-rampung. Nyong tak ngrungokna bae ndisit.
(“TEETT..TEETT.TEETT”)
Bel mlebu moni.
Pano: (Mlayu
sekebat-kebate nuju gerbang sekolah) Aja nganti telat!.
Satpam:(Megarna
tangan sing nyekel pentungan) arep maring ndi ko?
Pano:(Mandeg) arep
mlebu pak. (nang ati: modar kiye mengko nek ora teyeng mlebu siki bisa urusan
karo Guru BP).
Satpam: Mengko
ndisit, wong ko telat ye kudu dihukum ndisit. Sedela ye? Ngenteni pak guru
ngeneh.
Pano: (Nyium-nyiumi
tangane pak satpam) Tulung pak, tulung jorna ku mlebu.
Satpam: Ko agi ngapa?
Ngrayu nyong? Ora bakal tyeng.
Pano: (Metu lampu
neon 30watt nang ndas) jorna nyong mlebu pak. Mbarane mengko tak wei foto artis
sing maen, sing keton fufune. Tapi ngenteni ku nonton konsere pas dina selasa
ya pak.
Satpam: Temenan?. Iya
ngana mlebu.
Pano: (mlayu maring
kelas) o..satpam gampang diapusi.hehe
Pano: (Mbukak lawang
kelas karo deg-degan jantunge)(kreek!) Alhamdullillah urung ana pak guru.
Hey, dengka ora pada
telat?
Bocahan: Ora lah!
Kaya la ko aben dina telat!
Waktu pelajaran sing
8 jam ora kerasa wis liwat.
(TEETT..TEETT..TEETT..!)
Moni bel bali.
Pano: he,zul!,
sat!, ji!. Aja bali ndisit ku arep cerita karo ko pada.
Uzul: Aja nang kelas
lah, nang ngisor wit ace sing biasa nggo jegongan dewek bae. Kepriwe?
Pano, Sa tip, Tuji:
Mayo!
Pano, Satip, Tuji,
Uzul( njegong nang ngisor wit ace)
Uzul: cepetan, jere
arep cerita?
Pano: iya, geh idole
nyong dina selasa arep tampil nang kota sebelah. Ku arep nonton. Ko pada arep
melu apa ora?
Bocahan: bayar?
Pano: Ora, gratis
paling ngebise sing mbayar.
Uzul: Idole ko sapa
njane?
Pano: (nyengir)
BNA48, keren anu personile wadon kabeh.
Tuji: Si sapa kuwe?
Dengka ku ora tau krungu?
Pano: lah ko, anu
wong ko ndesa ye ora tau krungu.haha.
Satip: (nimbrung)
BNA48 kuwe idol group sing personile wadon kabeh. Sing nduwe mbokayu asli
Jepang.
Pano: Lah dengka ko
ngerti sat?
Uzul: (nglirik)wes,
meneng-meneng jebule kaya kuwe si Satip. BAHAYE!
Tuji: Nyong tambah
bingung jah.
Uzul: Uwis ora usah
dipikir mbok ndase dadi botak.
Pano: Kepriwe genahe?
Pada gelem ora nek ora gelem berarti pada tega karo nyong.
Uzul: lo bisane kaya
kuwe?
Pano: Ye bisa wong ko
pada kan kancane nyong.
Bocahan: Ya kena.
Sing penting ongkos bis’e sing mbayar Pano.haha
Pano: (brak!)mumet
nyong nek kaya kuwe.
Satip: Ji, kuwe ana
madu netes nang ndase ko.
Bocahan: mendi?
Tuji: (ndulek-ndulek
madu neng ndas)Ih dengka madu warnane putih ya? Hefh, mambune ora legi
maning.
Uzul: Dilat jal ji?
Tuji: asem, anu
tebelek manuk ka.
Bocahan: hahaha.
Dina minggu nang
ngarep umahe Pano.
Pano: (nyekel
lighstick 2) Oi! Oi! Oi! ,fiber – fire –diver Oi! Oi! Oi!
Tuji: (mlaku ngliwati
umahe Pano) ko si agi kumat apa no, dengka isuk-isuk wis dolanan senter, karo
tulung-tulung maning. Uwis ora waras apa ko?
Pano: Maning, Ko kuwi
sing ora waras. Iki kuwi yel-yel nggo ndukung BNA48.
Tuji: ye ngapura, aku
ora ngerti. Ku melu ulih?
Pano: Ngene gari.
Pano lan Tuji:
(nggerak-nggerakna awak meluni musik) Oi! Oi! Oi!
Dina senin isuk,
kegiatan sing paling disenengi lan disebeli dilakoni maning, yakuwe sekolah.
Tuji, Satip, lan
Uzul: (mlaku nuju kelas)
Tuji: Nyong wingi
latihan karo Pano.
Uzul: Latihan apa?
Latihan mbedakna madu karo tembelek apa?haha
Tuji: udu lah,
latihan wotagei(gerakan aweh semangat meng idol).
Satip: Wis keren. Wis
teyeng?
Tuji: urung.hehe
(kreek) mbukak
lawang.
Uzul: Wes Rekor anyar
kiye, si Pano wis mangkat kae.
Satip lan Tuji:
Mendi?
Pano: Wis ora sah
brisik! Agi semangat kiye.
Uzul: Iya anu ngesuk
rep nonton idole yee?
Pano:haha, ngerti
bae.
(TEETT…TEETT…TEETT…!)Bel
Bali moni.
Pano: Geh, pada bali,
terus njaluk ijin maring wong tua nek arep nonton BNA48 ngesuk. Aja lunga nek
ora diijina, tapi diusahakna kudu diizina.hehe.
Bocahan: OK
Pano: (Tekan ngumah
langsung njegong nang meja makan) Pak ngenjang kulo badhe mriksani idolane
kula teng kota
sebelah angsal napa mboten?
Bapake Pano: Aja!
ngesuk mbok sekolah?
Pano: Anu niku
konsere ndalu sanes enjang.
Bapake Pano: Tetep
ora kena, wis kelas 3 dikurangi le dolan!.
Pano: (mlebu kamar,
jebret!) lah kepriwe kiye masa ora ulih, padahal kesempatan nu cepak. Lah jan
nyetel musik bae ngesuk jal tak bujug maning bapake.
Isuk-isuk, Dina
selasane.
Pano: (ngulungna
tangan meng bapake) pak angsal si napa? Kulo anu sampun ngentosi konser niki
suwe. Nggih pak? Kulo kaleh pamit sekolah.
Bapake Pano: (Nampani
tangane Pano) Ora, tetep ora ulih!. Wis mangkat sekolah bae ngana.
Merga anu ora
semangat kaya wingi Pano mlakune alon dadi tekan sekolahan pas bel.
(TEETT..TEETT..TEETT..!)Bel
masuk moni.
Satpam: Cepet mlayu
no, mumpung tmbe bel kiye.
Pano: (mlaku alon)
Ora lah pak nyong agi sebel.
Satpam: Cepetan, ko
tak jorna mlebu, Aja kelalen fotone.
Pano: (semangat
maning) iya pak, suwun wis ngejor nyong.
Pano: (mlebu kelas)
aduh sial, wis ana pak guru.
Pak Guru: Pano,
telat? Hukuman apa sing pas nggo Pano murid-murid?
Bocahan: Nembang
mawon pak.
Pak Guru: Cepet
nembang.
Pano: Enggih pak.
BNA48-Give me
five
Tomo yo
Omoide yori
Kagayaiteru
Asu wo shinjiyou
Sou sotsugyou to wa
Degichi ja naku
Iriguchi darou
Tomo yo
Omoide yori
Kagayaiteru
Asu wo shinjiyou
Sou sotsugyou to wa
Degichi ja naku
Iriguchi darou
Bocahan:
(Keprok-keprok)
Pak Guru: ko pinter
nembang bahasa Jepang no? Jajal sing nganggo bahasa Jawa.
Pano: Lingsir
wengi
Sepi during biso nendro
Kagodho mring wewayangan
Kang ngeridhu ati
Sepi during biso nendro
Kagodho mring wewayangan
Kang ngeridhu ati
Pak Guru: Wis jan,
kiye maen kiye. Senajan seneng karo budayane Negara liya tapi aja nganti
kelalen karo budayane dewek. Wis ngana njegong!.
Nang
sekolah dina kiye rasane suwi mergane agi ngenten-ngenteni konsere idole.
Senajan meh nonton, Pano igin bingung rep nonton apa ora mergan nang ramane ora
ulih.
Bali sekolah.
Bali sekolah.
Uzul, Tuhji karo
Satip: (pada cerita nek pada ulih nonton nang wong tuane)
Uzul: Ko mau kenang
apa dengka telat maning? Mbokan anu arep nonton idolane dadi semangat?
Pano: (Masang rai
lesu) Semangat si semangat, tapi ku bingung nu ku ora ulih nonton nang ramane.
Angger ku mangkt bae ku wedi mbok cilaka.
Satip: (Sifat
bijaksanane metu) Aja khawatir, nyong, Uzul karo Tugi mesti nulungi ko. Mayo
tak batiri pamit maring ramane ko maning.
(Cah 3 pada playon
nuju umahe Pano)
Pano:
Assalammuallaikum.
Bapake Pano:
Wa’alaikumsalam.
Pano: Pak kula badhe
nyuwun pamit malih, kulo medal maring konesere kalih kancane kula niki.
Bapake Pano: Lah nggo
ngpa njane nontone konser kaya kuwe.
Satip: Nggih njane
mboten wonten manfaat sing ageng. Tapi niku saged kangge pemuas ati. Nek atine
sampun puas mangke ujiane dados saget nggarap.
Uzul: Nggih Saestu
kados niku pak, mangke nek mboten kesampeyan malah kepikiran terus.
Bapake Pano: Ya wis
nganah lah, tapi aja nganti kewengen lan ati-ati nang ndalan.
Bocahan: (Salaman
karo bapake Pano) Nggih pak. Maturnuwun.
Wis
ulih nang kabeh wong tuane dewek-dewek bocahan langsung pada salin klambi karo
nyiap-nyiapna gawane.
(Nang halte bis)
(Nang halte bis)
Uzul: Kae ana bis
sing teka. Munggah kae bae mayo.
Uzul, Pano, Tuji,
Satip: (munggah maring bis gentian)
2
jam suwene nang bis, bocahan isine mugur pada glowehan anu saking senenge arep
ndeleng konser sing pertama kanggo dweke.
Pano: ( mudun sekang
bis) Asekk, akhire tekan. Weleh ramene.
Uzul: Jan kaya laut
menungsa. Iki mulaine kapan no?
Pano: Jam 7 mbengi.
Uzul: iki be tembe
maghrib je?
Pano: Magriban ndisit
mengko Jalan-jalan . Aseng Tuji muter-muter mbok anu urung tau weruh kota.hehe
Tuji: mayo magriban
terus muter-muter, mumpung nang alun-alun kota.
Satip: Aja
muter-muter anu kondisine sesek busek kaya kiye mengko malah ora teyeng nonton.
Meending bar magriban langsung masang nang ngarep panggung bae mayo!.
Tuji: lah, ya uwis
ora papa mayo.
Bar magriban cah telu
mau kae masang nang ngarep panggung nyam bi cerita-cerita. 1 jam berlalu.
Idol: Selamat malam!
(nembang) Aitakatta, Aitakatta, Aitakatta yes! Denganmu.
Pano: (njikot Ls nang
tas) Mayo tokna lightsticke ko pada.
1,2,3!
Fiber, Fire, Diver, Oi Oi Oi!
Bocahan larut karo
konsere. Harapane Pano suatu saat bisa mampir nang theater idole. (SELESAI)








0 komentar:
Posting Komentar